Jumat, 23 November 2012


            Iki pas lagi ngelih-ngelihe aku,bar rapat Karang Taruna 17 an,kanca ku ngajak jajan neng ngarep gang.(untungno)
“Ayo golek sate!!!”
“hah,arep go opo???”
“kepie to?,jare ngelih?”
“woh,hla iyo ngelih,tapi po yo arep nyate jam semene?gek bajekno warang koe ki hhe”
“hah mumpung rong poso neh, sik wingi kae lak yo rong sido gek ayo tak sidake “
“gene mbak lise soto toh??”
“hlah-halah,he’em neh gek ayo”
            Sik yo dab,aku mulih sik uis ngantuk ki (pamit kanca-kanca rapat) woh yoo ati-ati wis wengi cewek yoan, mulih wengi-wengi ra apik.(hahaha yo genah bener iki) langsung cabut markemonee pokoke...
            Tekan papan nyatene wuhh jan antri rame lanang wadon ayu-ayu ehh sik ayu gor sik wadon dink sik lanang gor bakule..Gumune eneh kanca ku napok pipi ku
“ngopo to wet?”
“lagi mbok ku we ra tau napok kok, koe ki plak-plek hlo nek karo pipi ku ki”
“ Heh ora le ngono,jal koe ki namatke opo ora?”
“ namatke opo? opo yo,gor mensyukuiri karo tidak menyia-nyiakan hal gek ndak gor mubazir.”
“ hla jare isih normal,”
“hla yo normal,”
“ hla ngopo gene namatke kui???”
“ yor eyes mu kui opo!! aku namate kalunge sik gembandul kui hlo apik. gambare keris dililit ulo hahaha tapi soyo tak matke kok ndelik melilit sik lio hahahah,”
Buru-buru kancaku ngadek arep pesen,tapi tak seret tangane(bayangno wong lagi pacaran geg critane sik cewek ngajak putus,gek sik cwok isih seneng lak,mesti tangane karo atie isih nggondeli)
“ehh engko wae le pesen, ngalah sik karo mbake kui,”
“hlah hla ngopo neh. jare uis ngelih,”
“heh mesake cewek wis wengi isih kon ngantri pesen sate,”
“ haha hla awake dewe ki yo cwek ndenk???”
“ suuuttt menengo sik to aku arep ngemate ke, le mangan sate ,nek cewek ngene ki biasane mangan we le mamah sue dewe36 untutan lagi di olu,gek le nyokot sate ne minggir-minggir kae,uis to been sabar sik update status sik wae “jajan sate,ngalah karo cewek ayu”
“wis gulo wis di terke sate ne gek ayo pesen, “
            yo gek pesen sate 20 tusuk lontog loro, ehh bakule malah golek gawean jare “dik nunggu sik tak bakar e sik yo ora sue kok” woohh yo pak ra popo hemm gek arep ngopo iki bar update tapi yo ra enek sik koment hla like piro? 3? gor  3 hhaaa ...
“ehh ngematke wae”
“ ngematke opo?”
“ngemateke le mangan kui hlo kui hlo lucu tenan.”
“ jebul no ayu-ayu kemayu hla ngopo jek??”
“ kui hlo mangan satene ndadak di pritili go garpu sate ne,”
“ hahahah bajigur kemaki tenan yo nek ayu-ayu ki jogo image wkkwkw ”
            sik tak buka fb neh mboan enek sik koment,pas lagi buka fb kok  enek sik uplod foto cwek ayu banget...
“ haha kok koyo tau reti yo iki,”
“jal ndelok?”
“ sopo iki hlo, ayu banget tor tau reti ning neng ndy yo?,neng  ndy yo?”
“ neng ngarep mu kui hlo wett,”
“ weh hla dalah model to kui ki hahaha”
“ ho”o ngunu kok”
“ woohh pancen ayu ndenk,”
“ karuhe nek ayu njobo njero, lejoh koyo rupamu kui mlaha repot hahaha”
“ ehh le mangan kui hlo gatek no eneh to,”
“ kemaki gek ndenk ra gelem sisan di cokot, gor di prtitili mboko siji” (kesuen mbak batin ku)
“ hha eh tenan ora kui ki opo nek tenan kui le mangan sate,”
“heh hla tenan ngunu kok wis tak kandani mau to.”

Wah sedikit imajinasi ku melayang-layang membengi bar nonton film mistis bintange Andy soraya
“ehh ndenk aku membengi bar nonton susuk tali pocong, jare ne nek wong nganggo susuk le mangan sate yo ngono kui,”
“halahhh percoyo film!!!”
“hla kepie to hla koyoke ho’o neh, ahh janggal iki janggal”
“ heh malah su’udzon ora entok ngunu ndenk, rasah iri ayune hahaha”
“ wohh ora nek iki we, tetep ra pengenan aku, nek gor ayu ngono,sik-engko sik”
“ heh koe ki arep ngopo?”
“ arep icul jaket?”
“heh adem ,malah arep icul jaket.”
“ ehh engko sik to hloh”
“ malah ngadek to koe ki,”
“ menengo i hlo, aku due kaos koleksi wayang anyar, gambar semar,”
“hloh gek ngopo?”
“ora ngopo-ngopo, gor arep pamer karo sik ayu kui,”
“hloh-hloh nematke koe,nematke koe”
“ yo ben yoben”
“ hloh malah nganggo koco moto”
“ ra rusan ra rusan”
“ gek lingguh o malah kui hlo uis teko sate ne,”
“engko sik neh ben sedelo eneh”
“ weh –weh le mangan di lereni kesusu tenan le mbayar waduh ngopo to kui mau,”
“haha udu susuk dink tapi aji-aji hahahaha.......
            Bakul satene ngasi bingung yoan takon keneng opo to,kok kesusu banget mau mbak e sik ayu urung namatke  je uis balii,heee
Namatke opo jal pak,namatke demit ayo yo percoyo:D....  

Serat Mandalika . 2017 Copyright. All rights reserved. Designed by Blogger Template | Free Blogger Templates