Jumat, 23 November 2012


Aku dewe yo ra dong judule opo arep an wong iki tulisan terinspirasi pas pelajaran bahasa indonesia  bar panas-panas upacara monggo di waos rumiyen....           
            Critane bocah SD kelas 6,,lanang ki.la pas dino senin wonge arep sekolah la biasane nek SD ki paling rajiin nek kon upacara bendera. la yo pas wonge dadi petugas upacara,kudune nek upacara jam 7 uis di wiwit la si bocahe iki jam 7 kurang 10 menit ki lagi metu seko ngomah ngglidik pit-e,kroso-krose nek srengengene uis duwur bocah kui mau numpaki pit-e banjur di kebut hlah pas tekan bog sumur gede enek ibu-ibu ndlosor neng pinggir dalan hla kok akeh banget  getihe gek wetenge kok gede wo jebul no ibuk’e kui mau ki lagi meteng gek uis arep bayen  hla bocah kui mau gor ngemat ke karo gidak-gidik(mboan jijik metu darah ngisore hahahaa) bocah kui mau malah soyo ngebut le ngepit hla tapi mikir-mikir meneh gek bali puter marani ibuk’e mau  bar ngebrok ke pit e(eh eman-eman dink di pinggir ke neng ratan,) geg bocah kui njupuk sapu tangan/kacu/handuk cilik koyo bar supit kae di lempit-lepit banjur di enggo ngelapi sikil e.pas kelingan nek arep upacara mamak e si bocah mau nggawani botol akua,banjur di ombeke ibuk-e mau hla ibuke uis lumayan waras(maksute uis ora pati lemes) geg di degke geg di pedang di jak neng gene mbah dukun bayi(bocahe iki uis apal wong biyen jarene pas lairan yo gor mbah dukun kui sek ngewangi ngetoke)
            Uis tekan gene omahe mbah dukun e bocah’e masrahke ibuk’e mau karo mbah dukun,e engko nek bali sekolah tak bali ndene mbah saiki aku tak sekolah sek,hla bocah  kui mau mlayu-mlayu jupuk tas karo pit e sek di pingger ke nek ndalan(alhamdulilah isih wutuh,sopo yoan sek arep maling blangkrahan koyo ngono iiiyyuhh KAMSUPAY wkwkwkw) ngebut sak kemenge ,hla pas uis tekan sanding sekolahan uis sepi berarti le upacara uis rampung geg uis pelajaran biasa, pit e di tuntun di titipke neng kantin geg tas e di sesel  ke neng sragam ngarep kae,gek mlipir-mlipir lewat kamar mandi la ujug-ujug kancane arep pipis ngerti bocahe ...
“sul,arep neng ngendi opo uis oleh bali?”
“asemm ki aku lagi wae teko,ojo seru-seru ndak ketauan nek aku telat!!!!”
“”koe ki ngomong opo???lha rak koe mau uis melu upacara,koe teko disik dadi gene awake dewe upacara ne ora ngulang!!!”
“rasah bakul apus di,aku lagi wae teko ki lo??”
“hla koe ki rasah guyon aku yo ra ngapusi ..”
“tenan yo di,aku ki lagi wae teko,aku mau ndadak nulungi ibuk-ibuk arep bayen!!!,nek ra percoyo engko muleh sekolah tak jak neng gene mbah dukun,e neng koe ojo omong-omomh konco sek,,”
“wo yo beressss!!!”
            Bel mulih uis muni,sekolah uis bubar,tak butek ne tenan pardi tak jak neng omahe mbah dukun kui mau la pas tak gedok-gedok lawange kok ora ono seng semaur omahe dadi sepi,pardi tak kon nggoleki neng mburi omah yo ora ono,hla kok seko arah kulon eneng bapak-bapak
“nggoleki sopo dek?”
“niki pak madosi mbah dukun?mbah dukun ne teng pundi gehh pak?””
“hla koe ki kok nggoleki mbah dukun  kok yo neng kene to le?”(batine si samsul bapak iki di takoni malah ngajak guyon,si pardi takon  meneh )
“hla nek arep ketemu mbah dukun teng pundi pak?”
“hla yo neng kuburan no????”
‘’Hla kok neng kuburan to pak ?”(si pardi takon meneh)
“weh hla bocah,takon wae mbah dukun e mati uis seminggu iki pas arep ngewangi lairan maryati?”
“maryati ko sopo pak’e?(si samsul melu takon )
“maryati yo maryati pokoke bojo ne maryoto. wonge yo melu mati pas di tumpake mobil si maryoto nubruk bug neng sumur gede kae pas arep bayen ?”
            Di parddiiiiiiiiiiiii berarti mau demit di, sek tak tulungi waaaaaaaaaaaaasuuuuuuuuuuuuuuuuuu????????????.....

Serat Mandalika . 2017 Copyright. All rights reserved. Designed by Blogger Template | Free Blogger Templates